27 Februari 2009

URIP MUNG SAKDERMO



Urip kuwi sejatine yo mung sadermo ngelakoni. Bungahing ati ora biso dikiro-kiro, semono ugo tekane susah yo ora biso dikiro-kiro. Dadi sejatine, titah kuwi yo koyo wayang sing diobahake karo dalang. Dalang sing sejatine dalang ora ono maneh kejaba gusti Allah kang akarya jagad. Ing samubarang gawe lan ing samubarang kahanan sing dadi kasunyatan urip, mestine kudu dilakoni kanti sabar, sukur, lilo lan legowo. Ora ono maneh, yo mung kuwi. Hananging, titah kuwi ugo diparingi pilihan soko gusti Allah. Sakabehing tumindak, pangucap, pangroso, prakaryo kudu dinalar piye carane supoyo biso dadi apik, sing sejatine sakabehing doyo kuwi yo soko paringane gusti Allah. Arep ngalor ngidul ngetan ngulon, yo gusti Allah sing ngobahake. Dadi sepisan maneh, urip ki mung sadermo ngelakoni. Sopo kang bisa ngelakoni kanti lilo legowo, yo iku sejatine suwargone gusti Allah ing alam donya.Ya Allah paringono sabar, sukur, lilo lan legowo.


[cah.AM.com]


1 komentar:

POPULER DI BACA

Mengonfigurasi HTML/JavaScript